Jasa Pangoreksian lan Pangowahan Basa Inggris Online

grammar

get English proofreading and editing button

Apa sampeyan ngarepake basa Inggris tanpa kaluputan?

ProofreadingServices.com bisa mbiyantu. Kita yaiku sawijine usaha ing jasa pangoreksian lan pangowahan basa Inggris online kang misuwur ing donya, lan kita nyambut gawe bebarengan karo akademisi, paraga bisnis, lan panulis ing luwih saka 90 negara. Sampeyan butuh pangoreksian babagan akademik, pangoreksian ing bidang bisnis, pangoreksian tulisan sastra, utawa ngowahi ringkesan riwayat pengalaman urip (CV) basa Inggris, para pangoreksi kita kang entuk penghargaan bisa nyedhiyakake koreksian ing basa Inggris sing sampeyan butuhake.

[Apa sampeyan pengen weruh rega pangoreksian basa Inggris kita? Njaluk tawaran gratis.]

Kualitas tulisan ngaruhi kepriye kaunggulan sampeyan dibiji ing lingkungan profesional utawa pendhidhikan. Ngasilake dokumen basa Inggris kang ditulis kanthi bener bakal munggahake status sampeyan ing bidang sing digeluti. Para pangoreksi profesional kita bisa nemokake kaluputan apa wae ing tata basa, ejaan, format, pilihan tembung, pranata ukara, lan liya-liyane. Kita mbenerake tulisan basa Inggris sampeyan supaya tulisan sampeyan bisa diakoni sakpantese.

Apa jasa pangoreksian lan pangowahan basa Inggris kita cocog kanggo sampeyan?

Mangga dibayangke wae: Sampeyan wis ngentekake wayah jam-jaman kanggo gawe artikel ing basa Inggris lan arep dikirim menyang jurnal akademik sing misuwur. Tulisan basa Inggris sampeyan kudu bener, amarga sampeyan ora pengen digawe isin dhewe ing ngarep kanca-kanca sekolah sampeyan. Nanging wektune mepet—yaiku 48 jam. Sampeyan butuh diewangi, lan butuh cepet.

Kita mangerti kahanan kaya kuwi gawe pikiran kemrungsung. Kita wis tau ngalami kaya ngono. Mula saka iku, kita nyedhiyakake jasa sing diatur supaya gampang lan cepet miturut kebutuhan. Sampeyan butuh dokumen ndang gage diwenehake ing sawetara dina? Ora dadi masalah. Ing sawetara jam? Kita uga bisa ngrampungake.

Kirim dokumen sampeyan marang kita. Kita sing bakal ngurus nganti pungkas.

[Pesen pangoreksian lan pangowahan ing kene.]

Cathetan: Kita uga nyedhiyakake jasa terjemahan. Sampeyan bisa pesen jasa terjemahan ing kene.

Sepira apike tim pangoreksian basa Inggris kita?

Para ahli pangoreksi lan pangowah kita yaiku panutur basa Inggris asli kang nduweni pengalaman akeh ing babagan panulisan, pangowahan, lan pangoreksian. Para pangoreksi kita akeh sing saka pensiunan profesor basa Inggris lan ilmuwan kang wis tau ngirim atusan artikel menyang jurnal-jurnal akademik misuwur. Saben anggota tim wis lulus saperangan ujian pangoreksian lan pangowahan. Kita nampa pegawe siji saka 300 wong sing nglamar dari pangoreksi basa Inggris—kita milih pegawe luwih setiti tinimbang Universitas Harvard. Para pangoreksi kita yaiku wong-wong kepilih sing hebat lan duwe ngelmu dhuwur ing pagaweane, lan ngerti piye carane ngoreksi tulisan basa Inggris sampeyan.

Pengen tuladha gratis pangoreksian basa Inggris?

Kita mangerti menawa sampeyan adoh ewunan kilometer saka kantor pusat kita ing Amerika Serikat, lan sampeyan pengen weruh tuladha asil gawean kita sadurunge mbayar pesenan. Mangga njaluk tuladha gratis kanggo ndelok kepriye para pangoreksi kita bisa ningkatake kualitas tulisan sampeyan:

[Njaluk tuladha gratis pangoreksian saiki.]

Cathetan: Basa sing digunakake ing situs kita yaiku basa Inggris.

Apa sampeyan siap nyambut gawe bareng pangoreksi lan pangowah basa Inggris kita?

[Pesen pangowahan basa Inggris saiki.]